Mas Amay kuwi, yen ana pasinaon Basa Jawa, banjur rada mumet amarga dheweke ora mudeng dening ukara-ukara kang ora umum dienggo sedina-dina. Simboke wae durung karuan ngerti, apa maneh Mas Amay, ya to? Mula nalika ana pitakonan bab Tembang Pocung lan batangane, simboke kudu sabar olehe mulang, uga sabar nalika nggoleki wangsulane.
Tembang Pocung iku ngandhut piwulang luhur lan ngelingake marang pepati, amarga tembung pocung cedhak karo tembung pocong. Tembang Pocung uga ana kang awujud cangkriman, yaiku tetembungan utawa unen-unen sing kudu dibatang kekarepane amarga tetembungan mau nduweni teges sing dudu sabenere.
Tembang Pocung kang wujude cangkriman, contone:
1. Bapak Pocung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba Si Pocung mung turut kutha
Sapa sing bisa mbedhek cangkriman Tembang Pocung ing dhuwur iku?
Carane, awake dhewe kudu nemtokake, apa sing wujude renteng-renteng utawa jejer-jejer, dawa kaya ula, mencok ana ing wesi, lan mlaku turut kutha? Bener banget, wangsulane yaiku SEPUR.
2. Bapak Pocung anane ing tanah kudus
Pinter nyimpen toya
Mangka tumpakaning jalmi
Gigir mrenjul suku panjang gulu dawa
Kepiye carane golek wangsulan kanggo cangkriman ing dhuwur? Sepisan, awake dewe kudu mangerteni tegese tembung-tembung angel sing ana ing cakepan iku.
Kudus yaiku suci. Tanah kudus, tegese tanah suci.
Pinter nyimpen toya, tegese pinter nyimpen banyu.
Tumpakaning jalmi, tegese ditumpaki manungsa.
Gigire mrenjul, sikile dawa, gulune uga dawa.
Sing biasane urip ing tanah suci, pinter nyimpen banyu, gigire mrenjul, sikile dawa, gulune uga dawa, lan dadi tumpakane manungsa, yaiku UNTA.
3. Bapak Pocung amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil bakal Si Pocung dadi dahana
Pocung kang wujude namung sirah lan awak/weteng, panggone dikurung supaya ora bisa metu, yen metu dadi geni (dahana tegese geni), yaiku PENTOL KOREK/REK.
4. Bapak Pocung sato mring jalma biyantu
Aran limang sastra
Sastra pungkasan n tinulis
Yen wuwuh g mengku teges tirta panas
Sepisan, mangerteni tembung-tembung sing angel, kayata:
Sato, tegese kewan
Jalma, tegese manungsa
Biyantu, tegese ngewangi
Sastra, tegese aksara (huruf)
Pungkasan, tegese keri dhewe
Tirta, tegese banyu. Tirta panas, yaiku jarang.
Kewan sing bisa ngewangi manungsa, nduweni aksara lima, aksara keri dhewe yaiku n, yen ditambahi g dadi tirta panas utawa jarang, yaiku JARAN.
5. Bapak Pocung sasedulur ana pitu
Tan ana kang padha
Mati enem urip siji
Dulur pitu tan nate urip bebarengan
Pocung sing sak sedulur ana pitu. Pitung sedulur iku beda kabeh, ora ana sing padha. Pitung sedulur iku sing makarya namung siji, dene liyane leren. Ora nate bebarengan, gilir gumanti saka sedulur siji tekan pitu lan bali siji maneh. Karep utawa wose tembang ing dhuwur yaiku DINA (Senin, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuah, Sebtu, Ahad).
Wis ya, 5 dhisik, kapan-kapan dak terusake olehe nyerat Tembang Pocung lan Batangane, yen kober. Pawelingku, aja lali karo Basa Jawa, gaes.
Ditulis dengan Cinta,
Mama

Tembang Pocung lan Batangane |

Sip...sangat bermanfaat...barokalloh...
ReplyDelete