Showing posts with label basa jawa. Show all posts
Showing posts with label basa jawa. Show all posts

Materi Basa Jawa Kelas 2 SD: Pandhawa

Sunday, February 26, 2023


Basa Jawa iku salah siji piwulangan sing angel. Sapa sing setuju? Hehe... Senadyan aku iki wong Jawa tulen, nanging babagan Basa Jawa, isih akeh sing durung dakpahami. Nanging, sawise duwe anak, gelem ora gelem aku kudu melu sinau. Kayata ing kelas 2 iki, anakku sing cilik kudu ngerti sapa wae kang kalebu Punakawan, lan kepiye silsilahe Pandhawa.

Basa Jawa pancen angel. Mula aku ora maido yen jaman saiki wong tuwa luwih seneng nganggo Basa Indonesia nalika omong-omongan karo anake, amarga Basa Indonesia kuwi luwih gampang. Nanging, pancen luwih becik yen awake dhewe bisa nguri-uri kabudayan. Ya muga-muga, tulisan iki bisa dadi conto lan bisa migunani. 

Oya, sadurunge nulis babagan Punakawan lan Pandhawa, aku arep crita. Iki crita lucu nalika sekolah online ing mangsa pandemi wingi. Anakku sing nomer loro, ora ngerti carane maca menthog. Nalika Bu Guru dhawuh maca "menthog-menthog tak kandhani...", dheweke maca menthog dadi "ment - hog". Mula, anakku digeguyu marang bapake, sing maraake dheweke nangis wektu kuwi.

Alhamdulillah, saiki sekolahe wis normal maneh. Anakku uga dadi luwih terampil ngomong nganggo Basa Jawa, amarga ing sekolah, kanca-kancane sedina-dina uga nganggo Basa Jawa.

Nah, saiki, ayo sinau bareng babagan Pandhawa!


Silsilahe Pandhawa


Prabu Pandhudewanata iku raja ing Astinapura. Garwane ana loro, yaiku Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Dewi Kunthi putrane ana telu, yaiku Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna. Dene Dewi Madrim, putrane ana loro, kembar, yaiku Nakula lan Sadewa.

Watake Pandhawa:

1. Puntadewa 

Jenenge liya: Yudhistira
Pusakane: Jimat Kalimasada
Watake: Sabar, jujur, ora seneng perang
Ratu ing: Ngamarta

2. Werkudara

Jenenge liya: Bima
Pusakane: Gada Rujak Polo
Watake: Ora sabar, seneng perang
Satriya ing: Jodhipati

3. Arjuna

Jenenge liya: Janaka
Pusakane: Panah Pasopati
Watake: Rupane bagus, omongane alus
Satriya ing: Madukara

4. Nakula

Jenenge liya: Pinten
Satriya ing: Bumiretawu
Keprigelane: Nambani

5. Sadewa

Jenenge liya: Tansen
Satriya ing: Sawojajar
Kaprigelane: Ngopeni jaran

Punakawan


Punakawan iku abdine Raden Arjuna. Punakawan ana papat, yaiku: Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong.


Punakawan iku sapa wae?


1. Semar

Semar iku sejatine dewa sing malih rupa dadi manungsa. Semar iku dewa sing momong wong becik. Semar duwe anak 3: Gareng, Petruk, lan Bagong.

2. Gareng

Gareng kuwi anake Semar sing nomer 1. Mripate kera, tangane ceko. Sikile gejik, yen mlaku pincang.

3. Petruk

Petruk iku anake Semar sing nomer 2. Pawakane kuru lan dhuwur. Irunge dawa.

4. Bagong

Bagong iku anake Semar sing nomer 3. Pawakane lemu, wetenge gedhe. Irune pesek, dedege cendhek. 


Pandhawa duweni musuh, yaiku Kurawa. Kurawa pancen watake ala. Kurawa seneng gawe cilakane Pandhawa, nanging Pandhawa tansah sabar ngadhepi. Tembene Pandhawa sing slamet lan urip mulya.

Nah, iku mau bab Pandhawa. Kepiye silsilahe lan kepiye watake Pandhawa kuwi. Sugeng sinau sedaya!


Kamus:
senadyan: meskipun
gumun: kagum
maido: hran
amarga: karena
tembene: pada akhirnya


Ditulis dengan Cinta, Mama
Read More

Sesorah

Sunday, August 29, 2021

Saiki Mas Amay wis mlebu kelas 5. Pelajarane tambah akeh lan sangsaya angel. Kaya saiki, Mas Amay didhawuhi Bu Guru nggawe Sesorah. Hayo, pada ngerti ora, sesorah kuwi apa? Sak tenane, simboke Amay yo lagi ngerti iki. Hehehe... Mula yen kepengin ngerti, mreneo, sinau bareng babagan sesorah. Iki dak tulis, ngringkes saka cathetane Bu Guru. Diwaca nganti rampung, yo...

Apa Kuwi Sesorah?

Sesorah utawa tanggap wacana, yaiku salah sawijine kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawa ide.

Cara gampange, sesorah kuwi padha karo pidato.


Sesorah


Metode-Metode Sesorah

Metode Sesorah ana papat;

1. Metode maca sawutuhe, yaiku sesorah kang ditindakake kanthi maca teks.

2. Metode hafalan, yaiku sesorah kang ditindakake kanthi apalan saka teks sing wis digawe sadurunge.

3. Metode ekstemporan, yaiku sesorah sing ditindakake kanthi nggawa cathetan cilik (lajering sesorah).

4. Metode impromptu (dadakan), yaiku sesorah sing ditindakake kanthi dadakan utawa ora ana persiapan sadurunge.


Tujuan Sesorah

Tujuane sesorah iku apa wae? 

1. Menehi informasi utawa katrangan sawijining perkara (penyuluhan kesehatan, pendidikan, lan sapanunggalane)

2. Menehi hiburan utawa raos panglipur marang pamiyarsa (sabdatama utawa dhagelan)

3. Menehi palapuran utawa atur palapuran (lapuran ketua panitia)

4. Menehi piwulang (da'i, sabdatama, lan sapanunggalane)

5. Mbujuk utawa ajak-ajak supaya sing ngrungokake, nindakake apa sing diarepake pamicara (kampanye lan sapanunggalane)


Cengkrongan / Kerangka Sesorah

1. Salam Pambuka

2. Purwaka

  • Atur Pakurmatan
  • Atur Puji Syukur
  • Atur Panuwun

3. Isi (surasa)

4. Dudutan / Wigati / Ringkesan

5. Pangarep-arep --> mugi-mugi, mugiya

6. Panutup (wusana) --> mekaten, cekap semanten

7. Salam Panutup


Kuwi mau bab-bab sing kudu dingerteni babagan sesorah. Ning ngisor iki, tuladha / contoh naskah singkat sesorah, nganggo tema Hari Kemerdekaan Indonesia; 


Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

Bapak ibu guru ingkang kawula hormati, rencang-rencang ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin, mangga kita sami-sami ngaturaken puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kenikmatan, kerahmatan, saha hidayahipun. Sholawat saha salam mugi kunjuk dumateng junjungan kita Rasulullah SAW.

Minangka pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia kaping 76 punika, mugi-mugi kita saget njagi patunggilan kanthi ningkataken raos kemanusiaan ingkang adil dan beradab. Sapunika kita taksih wonten ing mangsa pandemi, mila kita kedah nglampahi protokol kesehatan sinambi bahu-membahu mbiyantu sedherek-sedherek ingkang mbetahaken bantuan. Sanajan mboten wonten lomba tujubelasan, nanging mugi-mugi semangat juang kita tansah berkobar.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh


tembung anyar:
ngandharake: njelasake, nerangake
patunggilan: persatuan
lajer: inti / pokok / ide dasar


Ditulis dengan Cinta, 

Mama


Read More

Tembang Pocung lan Batangane

Saturday, March 14, 2020


Mas Amay kuwi, yen ana pasinaon Basa Jawa, banjur rada mumet amarga dheweke ora mudeng dening ukara-ukara kang ora umum dienggo sedina-dina. Simboke wae durung karuan ngerti, apa maneh Mas Amay, ya to? Mula nalika ana pitakonan bab Tembang Pocung lan batangane, simboke kudu sabar olehe mulang, uga sabar nalika nggoleki wangsulane.

Tembang Pocung iku ngandhut piwulang luhur lan ngelingake marang pepati, amarga tembung pocung cedhak karo tembung pocong. Tembang Pocung uga  ana kang awujud cangkriman, yaiku tetembungan utawa unen-unen sing kudu dibatang kekarepane amarga tetembungan mau nduweni teges sing dudu sabenere.

Tembang Pocung lan Batangane
Tembang Pocung lan Batangane

Tembang Pocung kang wujude cangkriman, contone:

1. Bapak Pocung renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba Si Pocung mung turut kutha

Sapa sing bisa mbedhek cangkriman Tembang Pocung ing dhuwur iku?

Carane, awake dhewe kudu nemtokake, apa sing wujude renteng-renteng utawa jejer-jejer, dawa kaya ula, mencok ana ing wesi, lan mlaku turut kutha? Bener banget, wangsulane yaiku SEPUR.


2. Bapak Pocung anane ing tanah kudus
Pinter nyimpen toya
Mangka tumpakaning jalmi
Gigir mrenjul suku panjang gulu dawa

Kepiye carane golek wangsulan kanggo cangkriman ing dhuwur? Sepisan, awake dewe kudu mangerteni tegese tembung-tembung angel sing ana ing cakepan iku.

Kudus yaiku suci. Tanah kudus, tegese tanah suci.
Pinter nyimpen toya, tegese pinter nyimpen banyu.
Tumpakaning jalmi, tegese ditumpaki manungsa.
Gigire mrenjul, sikile dawa, gulune uga dawa.

Sing biasane urip ing tanah suci, pinter nyimpen banyu, gigire mrenjul, sikile dawa, gulune uga dawa, lan dadi tumpakane manungsa, yaiku UNTA.


3. Bapak Pocung amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil bakal Si Pocung dadi dahana

Pocung kang wujude namung sirah lan awak/weteng, panggone dikurung supaya ora bisa metu, yen metu dadi geni (dahana tegese geni), yaiku PENTOL KOREK/REK.


4. Bapak Pocung sato mring jalma biyantu
Aran limang sastra
Sastra pungkasan n tinulis
Yen wuwuh g mengku teges tirta panas

Sepisan, mangerteni tembung-tembung sing angel, kayata:
Sato, tegese kewan
Jalma, tegese manungsa
Biyantu, tegese ngewangi
Sastra, tegese aksara (huruf)
Pungkasan, tegese keri dhewe
Tirta, tegese banyu. Tirta panas, yaiku jarang.

Kewan sing bisa ngewangi manungsa, nduweni aksara lima, aksara keri dhewe yaiku n, yen ditambahi g dadi tirta panas utawa jarang, yaiku JARAN.


5. Bapak Pocung sasedulur ana pitu
Tan ana kang padha
Mati enem urip siji
Dulur pitu tan nate urip bebarengan

Pocung sing sak sedulur ana pitu. Pitung sedulur iku beda kabeh, ora ana sing padha. Pitung sedulur iku sing makarya namung siji, dene liyane leren. Ora nate bebarengan, gilir gumanti saka sedulur siji tekan pitu lan bali siji maneh. Karep utawa wose tembang ing dhuwur yaiku DINA (Senin, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuah, Sebtu, Ahad).

Wis ya, 5 dhisik, kapan-kapan dak terusake olehe nyerat Tembang Pocung lan Batangane, yen kober. Pawelingku, aja lali karo Basa Jawa, gaes.


Ditulis dengan Cinta, Mama
Read More

Pelajaran Bahasa Jawa Lebih Susah dari Bahasa Inggris?

Thursday, February 20, 2020

Mama Kepiting lahir dan besar di Purworejo, kemudian saat ini tinggal di Solo. Sejak lahir sampai kini beranak-pinak, Mama tinggal di Jawa Tengah. Mas Amay dan Dek Aga pun lahir di Jawa Tengah. Namun, sebagai orang Jawa, sehari-hari kami malah menggunakan Bahasa Indonesia sebagai bahasa pergaulan. Dipikir-pikir, kami ini sungguh keterlaluan.

Meski ayah mereka berdarah Sunda, tetapi memang tidak seharusnya kami melupakan bahasa ibu, yaitu Bahasa Jawa. Ya, memang Bahasa Jawa adalah bahasa yang sulit, bahkan lebih rumit dibandingkan Bahasa Inggris. Tapi hal itu tidak boleh dijadikan alasan untuk kami mengenyahkan Bahasa Jawa dari kehidupan sehari-hari. 

Maka dari itu, kami ingin memulai dari hal-hal sederhana. Seperti tadi pagi misalnya, Mama berbicara dengan Mas Amay menggunakan basa krama. Pelan-pelan, semoga lama-lama bisa menjadi kebiasaan.

Pasinaon Basa Jawa kelas 3 SD
Buku Aku Bisa Basa Jawa 3, sumber: togamas.com

Omong-omong soal Pelajaran Bahasa Jawa, beberapa waktu lalu Mama dibuat pusing dengan pelajaran Basa Jawa kelas 3 SD. Ya begitulah, PR-nya Mas Amay adalah PR Mama juga to? Karena mencari jawaban di Google pun tidak banyak membantu, akhirnya Mama bertanya pada teman-teman melalui status WhatsApp. 

Thanks to technology... Eh, lha malah nganggo Basa Inggris...

Lalu, apakah yang membuat kami pusing?

Ini lho, istilah dalam Bahasa Jawa yang tidak umum dipakai sehari-hari. Alhamdulillah, setelah tanya ke sana kemari, Mama pun memperoleh jawabannya. Terima kasih untuk teman-teman yang sudah membantu. 😘

Dan inilah kosakata Bahasa Jawa beserta artinya;

1. Angungak tegese niliki (Indonesia: melongok)
2. Ngudi tegese golek
3. Tan tegese ora
4. Nate tegese tau (Indonesia: pernah)
5. Mayug-mayug tegese obah-obah arep rubuh mengarep (Indonesia: bergoyang-goyang seperti mau roboh)
6. Dikunjara tegese dikurung supaya ora bisa metu (Indonesia: dipenjara)
7. Toya tegese banyu, tirta
8. Jalmi tegese manungsa
9. Suku tegese sikil
10. Dahana tegese geni, agni
11. Renteng-renteng tegese jejer-jejer
12. Kendel tegese mandheg
13. Kusuma tegese kembang
14. Gembung tegese weteng utawa awak
15. Mijil tegese metu, medal

Itulah beberapa istilah dalam Bahasa Jawa beserta artinya. Semoga bermanfaat, yaa... Oya, Mama jadi terpikir untuk membuat label "Basa Jawa". Semoga nanti bisa rutin menulis tentang Basa Jawa, supaya bisa jadi tempat untuk belajar bersama.


Ditulis dengan Cinta, Mama
Read More