Sesorah

Sunday, August 29, 2021

Saiki Mas Amay wis mlebu kelas 5. Pelajarane tambah akeh lan sangsaya angel. Kaya saiki, Mas Amay didhawuhi Bu Guru nggawe Sesorah. Hayo, pada ngerti ora, sesorah kuwi apa? Sak tenane, simboke Amay yo lagi ngerti iki. Hehehe... Mula yen kepengin ngerti, mreneo, sinau bareng babagan sesorah. Iki dak tulis, ngringkes saka cathetane Bu Guru. Diwaca nganti rampung, yo...

Apa Kuwi Sesorah?

Sesorah utawa tanggap wacana, yaiku salah sawijine kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawa ide.

Cara gampange, sesorah kuwi padha karo pidato.


Sesorah


Metode-Metode Sesorah

Metode Sesorah ana papat;

1. Metode maca sawutuhe, yaiku sesorah kang ditindakake kanthi maca teks.

2. Metode hafalan, yaiku sesorah kang ditindakake kanthi apalan saka teks sing wis digawe sadurunge.

3. Metode ekstemporan, yaiku sesorah sing ditindakake kanthi nggawa cathetan cilik (lajering sesorah).

4. Metode impromptu (dadakan), yaiku sesorah sing ditindakake kanthi dadakan utawa ora ana persiapan sadurunge.


Tujuan Sesorah

Tujuane sesorah iku apa wae? 

1. Menehi informasi utawa katrangan sawijining perkara (penyuluhan kesehatan, pendidikan, lan sapanunggalane)

2. Menehi hiburan utawa raos panglipur marang pamiyarsa (sabdatama utawa dhagelan)

3. Menehi palapuran utawa atur palapuran (lapuran ketua panitia)

4. Menehi piwulang (da'i, sabdatama, lan sapanunggalane)

5. Mbujuk utawa ajak-ajak supaya sing ngrungokake, nindakake apa sing diarepake pamicara (kampanye lan sapanunggalane)


Cengkrongan / Kerangka Sesorah

1. Salam Pambuka

2. Purwaka

  • Atur Pakurmatan
  • Atur Puji Syukur
  • Atur Panuwun

3. Isi (surasa)

4. Dudutan / Wigati / Ringkesan

5. Pangarep-arep --> mugi-mugi, mugiya

6. Panutup (wusana) --> mekaten, cekap semanten

7. Salam Panutup


Kuwi mau bab-bab sing kudu dingerteni babagan sesorah. Ning ngisor iki, tuladha / contoh naskah singkat sesorah, nganggo tema Hari Kemerdekaan Indonesia; 


Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

Bapak ibu guru ingkang kawula hormati, rencang-rencang ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin, mangga kita sami-sami ngaturaken puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kenikmatan, kerahmatan, saha hidayahipun. Sholawat saha salam mugi kunjuk dumateng junjungan kita Rasulullah SAW.

Minangka pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia kaping 76 punika, mugi-mugi kita saget njagi patunggilan kanthi ningkataken raos kemanusiaan ingkang adil dan beradab. Sapunika kita taksih wonten ing mangsa pandemi, mila kita kedah nglampahi protokol kesehatan sinambi bahu-membahu mbiyantu sedherek-sedherek ingkang mbetahaken bantuan. Sanajan mboten wonten lomba tujubelasan, nanging mugi-mugi semangat juang kita tansah berkobar.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh


tembung anyar:
ngandharake: njelasake, nerangake
patunggilan: persatuan
lajer: inti / pokok / ide dasar


Ditulis dengan Cinta, 

Mama


Post a Comment