Materi Basa Jawa Kelas 2 SD: Pandhawa

Sunday, February 26, 2023


Basa Jawa iku salah siji piwulangan sing angel. Sapa sing setuju? Hehe... Senadyan aku iki wong Jawa tulen, nanging babagan Basa Jawa, isih akeh sing durung dakpahami. Nanging, sawise duwe anak, gelem ora gelem aku kudu melu sinau. Kayata ing kelas 2 iki, anakku sing cilik kudu ngerti sapa wae kang kalebu Punakawan, lan kepiye silsilahe Pandhawa.

Basa Jawa pancen angel. Mula aku ora maido yen jaman saiki wong tuwa luwih seneng nganggo Basa Indonesia nalika omong-omongan karo anake, amarga Basa Indonesia kuwi luwih gampang. Nanging, pancen luwih becik yen awake dhewe bisa nguri-uri kabudayan. Ya muga-muga, tulisan iki bisa dadi conto lan bisa migunani. 

Oya, sadurunge nulis babagan Punakawan lan Pandhawa, aku arep crita. Iki crita lucu nalika sekolah online ing mangsa pandemi wingi. Anakku sing nomer loro, ora ngerti carane maca menthog. Nalika Bu Guru dhawuh maca "menthog-menthog tak kandhani...", dheweke maca menthog dadi "ment - hog". Mula, anakku digeguyu marang bapake, sing maraake dheweke nangis wektu kuwi.

Alhamdulillah, saiki sekolahe wis normal maneh. Anakku uga dadi luwih terampil ngomong nganggo Basa Jawa, amarga ing sekolah, kanca-kancane sedina-dina uga nganggo Basa Jawa.

Nah, saiki, ayo sinau bareng babagan Pandhawa!


Silsilahe Pandhawa


Prabu Pandhudewanata iku raja ing Astinapura. Garwane ana loro, yaiku Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Dewi Kunthi putrane ana telu, yaiku Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna. Dene Dewi Madrim, putrane ana loro, kembar, yaiku Nakula lan Sadewa.

Watake Pandhawa:

1. Puntadewa 

Jenenge liya: Yudhistira
Pusakane: Jimat Kalimasada
Watake: Sabar, jujur, ora seneng perang
Ratu ing: Ngamarta

2. Werkudara

Jenenge liya: Bima
Pusakane: Gada Rujak Polo
Watake: Ora sabar, seneng perang
Satriya ing: Jodhipati

3. Arjuna

Jenenge liya: Janaka
Pusakane: Panah Pasopati
Watake: Rupane bagus, omongane alus
Satriya ing: Madukara

4. Nakula

Jenenge liya: Pinten
Satriya ing: Bumiretawu
Keprigelane: Nambani

5. Sadewa

Jenenge liya: Tansen
Satriya ing: Sawojajar
Kaprigelane: Ngopeni jaran

Punakawan


Punakawan iku abdine Raden Arjuna. Punakawan ana papat, yaiku: Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong.


Punakawan iku sapa wae?


1. Semar

Semar iku sejatine dewa sing malih rupa dadi manungsa. Semar iku dewa sing momong wong becik. Semar duwe anak 3: Gareng, Petruk, lan Bagong.

2. Gareng

Gareng kuwi anake Semar sing nomer 1. Mripate kera, tangane ceko. Sikile gejik, yen mlaku pincang.

3. Petruk

Petruk iku anake Semar sing nomer 2. Pawakane kuru lan dhuwur. Irunge dawa.

4. Bagong

Bagong iku anake Semar sing nomer 3. Pawakane lemu, wetenge gedhe. Irune pesek, dedege cendhek. 


Pandhawa duweni musuh, yaiku Kurawa. Kurawa pancen watake ala. Kurawa seneng gawe cilakane Pandhawa, nanging Pandhawa tansah sabar ngadhepi. Tembene Pandhawa sing slamet lan urip mulya.

Nah, iku mau bab Pandhawa. Kepiye silsilahe lan kepiye watake Pandhawa kuwi. Sugeng sinau sedaya!


Kamus:
senadyan: meskipun
gumun: kagum
maido: hran
amarga: karena
tembene: pada akhirnya


Ditulis dengan Cinta, Mama

Post a Comment